Ethok-ethok Bhudeg
Kadadean
iki durung suwe lan dialami dening aku bareng kancaku. Awan iku lagi mulih saka
Purbalingga. Wektu iku aku lagi mulih saka purbalingga. Wektu kui ndilalah yen
arep apes, lagi penak-penake nyetir sepeda motor kok ndadak di semprite pak
polisi, aku lan kancaku pucet raine. Margane rung duwe SIM, lan uga STNKne
kelalen durung diperpanjang alias telat.
Nanging
mbuh dhasare bunglon utawa ndablegage dadakan tuwun maneh, ide cemerlang muncul
sekang jero sirahe, ” sugeng siang...! ”, dawuhe pak polisi marang aku lan
kancaku. Kanti rai sing digawe bodho lan reke-reka ra krungu, kancaku nyauri, ”
apa pak...? ” , semaure kancaku karo kuping di iringaken kaya patrape wong
budheg. ” bisa ndeleng surat-surat kendaraane mas...? ” pak polisi ngatuke
tangane njaluk surat-surat kendaraan.
”
Apa pak...? kulo mboten mireng... ” kancaku nyauri maneh kanti ugat kang pada.
” surat-surate mas....! ” polisine wiwit nyetak ora sabar ” apa pak,...? ” kancaku
nyemaur maneh. ” Wooo bocah elek,...! minggata kono...budheg kok numpak motor
”. Prentahe pak polisi.
”
siap pak...! ” aku lan kancaku langsung lunga karo ngguyu cekakakan.
By: Jamilatul Fadilah
0 komentar:
Posting Komentar