Sabtu, 29 Maret 2014

Cerkak Bahasa Jawa (Salah Sambung)

Salah Sambung

Wektu kue, sawise pengumuman kelulusan nang SMP kabeh kelas telu bisa mangkat bisa ora. Tapi akehe pada nang ngumah kanggo nyante-nyante sauwise ngadepi Ujian Nasional karo ngenteni ijazah SMP dadi. Aku uga nang ngumah, mbarang mangkat ora ana kanca kelas telu.
Kurang lewih wis rong minggu nang ngumah, aku sore-sore sms kancaku. Aku takon ” ana pengumuman njukut ijazah apa urung? ”. Tapi aku nulis pengumumane dadi PNGMN merga tok singkat-singkat.
Ora let sue kancaku mbales. Mbalesine ” aku ora ngerti mau ana pengamen apa ora ”. Aku malah bingung balesane ngomongna pengamen, wong aku takone pengumuman ijazah. Terus sms maning ” kowe deneng mbalesine ora ngerti ana pengamen? ”. Tapi sms sing iki ora tak singkat-singkat maning.
Terus kancaku mbalesi maning ” O.........anu kowe takon pengumuman njikot ijazah? ndarani aku tulisan PNGMN iku pengamen....”.

Meski tulisan PNGMN ndarani kancaku pengamen. Wong ana tulisan ijazahe. Takon pengumuman malah ndarani takon pengamen, pancen kancaku agi salah sambung bangettttt..........

By: Ari Kustanti

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Buy Coupons