Study
tour maring jakarta
Tahun ajaran 2008-2009
sekolahku nganakeke study tour tujuane menyang Jakarta. Aku mangkat tanggal 18
Maret 2009 jam 12 awan. Nang perjalanan aku karo kanca-kancane anane mung
mangan thok.
Sawise kuwi aku duwe
ide ngamen nang bis, jalaran aku weruh yogi nggawa gitar. Akhire aku ngajak
yogi ngamen lan jane nggo gawe bocahan supaya ora ngantuk. Eh.. malah ana sing
aweh duwit, yah lumayan ulih sewu akaen.
La ora krasa wing jam
12 wengi, tapi malah ora ngantuk-ngantuk. Akhire aku karo
kanca-kancane turu. Mbarang wis jam 3 tangi gutul nang penginepan.
Nang penginepan aku
palah ora turu malah crita-crita karo kanca-kancaku. Pas aku garep ngesog tas
nang nduwur lemari aku manjat kasur, malah kasure njeblos.
Sauwise kue aku
mangkat maring tujuan. Nang kana aku seneng-seneng. Bar maghrib aku karo
rombongan, bocahan pada ra adus, ana sing mambu penguk, ana sing mambu badheg,
lah ra nggenah kaya kae ublek campur-campur ra nggenah.
Bocahan pada kekeselen
langsung pada turu, tapi mbokan aku dikerjani akhire malah aku sing ngerjani. Ana
sing agi turu mlanga tak fotoni, ana sing lagi ngiler, ana sing tak jejeli
jeruk, ana sing nglindur alah pirang-pirang, nganti guruku turu mlanga uga tek
foto, ya wis Happy Ending.....
By: Purnawati
0 komentar:
Posting Komentar