Sabtu, 29 Maret 2014

Cerkak Bahasa Jawa (Nabrak Wit Gedang)

Nabrak Wit Gedang

Ing sawijining dina, pas nyong isih SD lah, isih mambu kencur. Nek ora salah kedadeane pas kelas limanan. Nah dong kae kan, dong isih SD kan nyong senenge dolanan bal-balan karo kancane, tapi siki wis ora. Lha kan dong kae nyong dijeki bal-balan karo kancane nyong nang lapangan voli, lah nu pas dong kae ya nu ra pada nyarat, bal-balan ya neng len voli. Nah angger bal-balan kan kudu ana bale, nah bale kue ra duwe, ya sidane urunan nggo tuku bal plastik.

Nah sauwise tuku bal plastik, pada pingsut disit nggo nentukaken balane. Pas wis pingsut ya nyong karo balane bal-balan, lah gemiyen seneng banget bal-balan, nganti sore bal-balane. Nah critane di cepetaken bae lah ya anu dawa banget,tur maning nyong wis madan kelalen, nah pas uwis garep rampung bale’ kan kon di gawa nyong, nah pas ngewehna bale kue, nang kancane nyong di tendang mumbul dhuwur banget, ya otomatis nyong ya delenge nduwur bae lah, bale ya tak ikuti, mbarang bale tak ikuti, nyong ndeleng bale’ bae, nyong’e  ya mlakune banter, nyong ra ngerti nang ngarepe ana wit gedang, ndilalah bale kue pas banget gigale nang wit gedang, ya trus nyong nyungsep meng wit kedang lah...lah jan nyong langsung issin..issin...nyong ya di guyu kanca-kancane sing liyane..cekakakan manenk..ora ngerti wong lagi susah pa...hahahaha...alah jan isin yakin nek tak bayangna...huax.kakakakakakackckckckc....wis lah ya... RAMPUNG aliase TAMAT..haha....

By: Widha Anggy Prasetyo

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Buy Coupons