Sabtu, 29 Maret 2014

Cerkak Bahasa Jawa (Papagan Hau)

PAPAGAN HAU

Ing sawijining dina aku lan kanca-kancaku dolan bebarengan. Pas kue arep dolan meng omahe tika. Aku, rossi, zian, lan yuli milih dalan trobosan, sing luwih cepak. Metung tengah-tengah kebon nglewati kangkus lan pinggir blumbang. Lha pas nang pinggir blumbang, dalan kuwi sesek mung pas kanggo wong siji. Mulane aku lan kanca-kancaku mlaku renteng-renteng meng mburi. Aku nang ngarep dewek, mburine ku rosi, zian, lan mburi dewek si yuli. Pas tikungan aku papagan hau. Saking kaget lan wedine aku mbalik meng mburi nganti tubrukan karo rosi. Sidane aku, rosi lan zian mlayu numpleg yuli nganti kontal meng blumbang.
Aku, rosi, lan zian mlayu bae ora mikirna yuli sing kecemplung blumbang. Pas uwes adoh aku nembe kemutan yuli. Aku lan kanca-kancaku langsung mbalik nulungi yuli.

Otomatis baline isin ra karu-karuan jalaran ciprak-cipruk.

By: Annisa Diyah Ismawati

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Buy Coupons