Sabtu, 29 Maret 2014

Cerkak Bahasa Jawa (Ora Nggugu)

Ora Nggugu

Critane kiye pas inyong isih nang SD kan pada seneng dolanan pit-pitan. Lha inyong karo kancane ya dolan pit-pitan. Pertama si mung pit-pitan nang gon umah, trus kancane ana sing ngejeki pit-pitan meng sing lewih adoh, inyong karo kancane ya pada gelem. Trus pada ngepit, ana sing boncengan, ana sing dewekan, lha inyong wong anu pite cilik ya tunggal ora ana boncengane ya dewekan.
Nggene ngepit pada banter-banter, inyong ya melu banter. Lha pas nang nggon turunan ana sing wis ngepit mblandang dingin, anu bocahe wis pinter nggene ngepit, ana uga pite sing dituntun. Kncane inyong ana sing ngomongi inyong, ” nur..pite di tuntun bae mbokan tiba...” inyong ora ngrungokna omongane kancane, pite inyong ya tak tunggangi bae.
Pas inyong ngepit eh.. malah rem pite inyong ora makem, dadi nang turunan pite egal..egol..egal..egol.. trus nabrak meng nggon suketan.                ” GEDEBRUGH....!!! ” Haaaaaaaaaaa..... kancane inyong pada ngguyu menangi inyong tiba. Lha inyong ya isin banget wong di omongi ora nggugu. Inyong terus ditulungi nang kancane.
Awake inyong ya pada lara, ya pada belok, tapi shi inyong egun teyeng mlaku, inyong disengi kancane kan wisuh. Inyong ya dituntun, kaline kan nang ngisor lha kue ana wowatene, inyong karo kancane ya pada mowat. Wis gutul kali inyong ya wisuh, wis bersih trus pada bali meng nduwur. Maring dhuwure kan tung dalan sing mau ya mowat maning.
Nang nggon wowatan, inyong mowat dingin bae, lha kancane ngomongi inyong. ” Ati-ati nur...? mbokan tiba maning ”, tapi inyong tetep mowat bae. Pas inyong agi mowat malah inyong tiba maning temenan. ” DUBRAAAGH ...!! ” haaaaaaaaaaa..... kancane pada ngguyu inyong maning. Inyong ya rasane lewih isin banget wong bola-bali tiba.

Trus inyong di tulungi kancaku, di gawa bali meng kancane ya pite inyong digawa kancane.

By: Nur Halimah

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Buy Coupons