Lambemu Atos
Kanca-kancaku kabean kie ya….dewe kan ana tugas bahasa
jawa dikon crita pengalamane dewe sing lucu…sebenere aku akeh crita tentang
pengalamanku sing madan lucu. Tapi sayange wis
akeh sing kelalen jah, ngapura yah wis
tua..?
Sing egun madan kemutan sekang awale nganti
rampung, coz nembe winginane kedadeane si. Aku kan duwe pacar kie ceritane bocah umur 19
taun. Tua mbokan.. bocahe ayu, ketone lugu tapi madan isinan, pokoke wong
lanang weruh mesti langsung seneng. Setu sore aku janjian, malem minggu
tea.a.a. Wengine jam pituan aku ngapel ming omahe. Pas aku tekan omahe, bocahe wis ngenteni nang teras
omah, trus aku dijek mlebu njero. Nembe jagong sedela bocahe ngajek metu,
pamitan karo wong tuane, nde ngomong arep uyak angin. Trus kitane jalan mink
tempat sing enak go pacaran wong, tempate sepi. Ngerti dewe ger bocah
lagi pacaran beduaan kaya ngapa kan…bedua tok maning jan..!!. Agi asik-asik
beduaan bocahe di sms, akon bali akon mae’ne, wong lagi seneng li ora ngimut
wayah semono wis jam sewelas. Terus aku jujugna bali. Tekan ngarep omah mae’ne
wis ngenteni. Aku terus pamitan, mae’ne wis mlebu omah, aku terus minta cium
maring cewe aku. Bocahe tak rayuni, ”
kasih kiss si napa go sangu bali..”, bocahe jawab, ” lah emoh lah isin mau ora, bokan ana wong lah ger pipi ya kene ”,
bocahe kan terus tak ambung. Lambene tak ambung sisan mumpung ora ana wong si,
tapi palah bocahe mundur-mundur karo mingkem rapet banget, jarene gaget tak cipok ajaha nde mingkem seret
banget yakin, ya rasane atos kaya ngambung dengkul lah. Bocahe ajaha langsung
isin banget, tapi tetep seneng si... ya ceritane tak ngai judul ” Lambemu Atos
”. Wis semeno ae lah ya. Jane si aku ceritane isin yakin, tapi dari pada
ngarang bingung ya wis ya kue paham. Ja di tiru yah.. saru!!! Aku ger kon maca
neng ngarep kelas isin kie....eh....
By: Isya Faoji
0 komentar:
Posting Komentar