Ketemu Wong Gemblung
Critane
kaya kiye. Nang desaku kan ana wong gemblung anu tekanan mbuh sekang ngendi. Wonge
wadon lan esih enom. Senenge nyolongi klambi nggone wong-wong sing lagi dipeme.
Ana
sawijine dina wong gemblung iku dolan maring daerah umahku. Dasare bocah-bocah
ya nu pada jail. Wis ngerti wong gemblung ya diledeki bae. Jane si padha wedi
tapi li pada nggo ledekan lan nggo dolanan.
Dina
minggu esuk-esuk pas wong gemblunge teka bocahan kan agi pada kumpul. Dadi
wonge ditanggap nggo dolanan sisan. Ana sing nakoni arane sapa? Wong ngendi ?
Lan liya-liyane. Tekan ibu-ibu be pada melu takon.
Ya wong arane bae wong gemblung
ditakoni malah ngomei. Wis
ngomong nganggo bahasa apa. Ya ora nggenah pokoke, karo ngamuk-ngamuk.
Bocah cilikan kan pada wedi dadi mlebu umahe kancaku. Mlebu sedela,
lawange kan dikancing malah pada metu, jere arep diledeki maning wonge. Akhire wong gemblunge mau mburu.
Bocah-bocah pada mlayu njenthar ngendi ora. Aku sing lagi nang kono ya melu
mlayu anu wedi.
By: Tri Wahyuni
0 komentar:
Posting Komentar