BAKUL ES
Aku dhuwe crita, Ceritane kaya kiye………..
Wektu kuwe aku lagi preinan marang nggon mbahku. Pas kuwe aku lagi mlaku-mlaku karo sedulurku numpak pit (boncengan). Nah, pas aku lagi ngepit gharep mbalik marang umah……aku ana nang dalan sebelah kiri. Terus aku garep marang dalan sebelah kanan. Wektu arep nyebrang pit sing aku gawa karo mlaku, terus sedulurku sing mbonceng tangane kananne karo awe-awe. Mbokan ana mobil utawa mikro sing agi mlaku banter (men ngerti aku gharep nyebrang).nah wektu sedulurku lagi awe-awe……nang dalan sebelah kanan ana bakul es lagi mlaku terus mandeg. Ndarani bakule aku lan sedulurku garep tuku es. Padahal wektu aku wis nyabrang aku langsung nylonong bae melbu dhalan marang desa. Terus bakul es kuwe mau mung dhelengna thok. Sawise dhelengna , Bakul es kuwe mau langsung mlaku maneh.
By: Ade Firman Syahputra
0 komentar:
Posting Komentar