Sabtu, 29 Maret 2014

Cerkak Bahasa Jawa (Salu Njeblos)

Salu Njeblos



Ing sawijining dina aku karo kanca-kancane arep ngadakaken onclong. Kancaku njaluk turu bareng nang musola begene mengko nek arep onclong ora usah nyeluk-nyeluki. Aku karo kancane loro mau menyang maring musola. sawise tekan musola, batire aku ngrasa ra kepenak, sebabe lampu musola ndap-ndep bae. Kancane aku njaluk pindah meng omahe aku, aku setuju bae. Sawise tekan nang ngarep umahe aku, kancane aku ngomong ” nang kene ana salu, dewek turu kene bae ”, liane pada setuju. Sebabe wis wengi aku karo kanca-kancane langsung pada turonan nang nguwur mau. Aku karo kancaku ora let sue turu, sawise kuwe aku ngrungokna suara, ” kreket..kreket..” , ora let suwe salune njeblos. Aku tangi nanging kancane sing loro mau egun turu bae. Aku pindah sebabe aku lanjung bet’e goncangan mau. Ora let sue kancane aku sing nang pojok dewek tangi, langsung ngomong, ” pa salune njeblos ya ”, langsung aku njawab ” ya ”, ora let suwe maning kancane aku sijine melu tangi langsung kaget, sebabe salune miring, aku karo kancane mau ra bisa turu maning, sebabe pada ngguyu-nguyu bae. Ora let suwe aku karo kancane pada mangkat onclong.

By: Heru Wibowo

1 komentar:

landlyjabin mengatakan...

Stainless Steel vs Titanium Apple Watch
› Stainless-Steel- › Stainless-Steel- A stainless steel ford fusion titanium 2019 watch is not a replacement for your watch, titanium cup but the difference is in the overall quality. tungsten titanium The handle is very samsung titanium watch nicely polished infiniti pro rainbow titanium flat iron and the blade is  Rating: 3 15 reviews

Posting Komentar

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Buy Coupons