DI JAILI KANCANE
Angger
kemutan kedadean iki aku cokan guyu-guyu dewek. Kedadeane aku alami pas kelas 3
Mts. Pas awan pelajaran ke-4 kahanan kelas aku rame banget anu pelajaran
kosong. Nang kelas hawane panas malah kanca-kancaku akeh sing jagongan nang jaba
kelas. Meski kanca-kancaku ngejeki aku jagong nang jaba nang jaba kelas tetep
baen aku ura gelem metu kelas. Kanca-kancaku ngomong angger ora gelem metu
garep di tali. Terus salah siji kancaku sing nang ngarep kelas nyeluk aku, anu
aku di undang nang wali kelasku. Terus aku metu langsung maring kantor golet
wali kelasku.
Pas
uwis ketemu aku lan ngomong ” ana apa.. sapa sing
nyeluk kowe? Koe mesti dijaili nang kancamu, wis ngana balik meng
kelas”.
Pas
kue aku rasane isin banget aku metu kantor kambi guyu isin. Tapi
kanca-kancaku pada guyu cekakakan. Neng batinku aku ngomong ” wah
aku dijaili nang kancaku ”
By: Yullia Ningrum
0 komentar:
Posting Komentar