Gara-gara Mati Lampu
Ceritane niki
teng dalem teng daerah Purwokerto. Dene enten sekeluarga sing kedatengan sedulure
saking cilacap. Keluarga niku nduweni kebiasaan sing sae, yaiku solat
berjama’ah.
Lah ceritane
keluarga niku saweg nglaksanakake jama’ah solat isya, nanging panggonan solate
dibagi dados kalih, sebabe panggonan sing biasa ngge solat mboten cekap.
Sing kagungan
dalem ( keluargane safri ) teng nggen solat banjur tamune ( keluarga soffa )
teng ruang tamu.
Kedadeane pas
kalih keluarga menika saweg nglaksanakaken jama’ah solat isya, ijig-ijig
lampune mati sebabe sikringe anjlog, padahal solate dereng rampung, tapi
alhamdulillahe sampun tahyat akhir.
Sesampune
solat rampung, safri dikongkon bapake ken ngurubna lampu teng ruang tengah teng
wekdal sing sami soffa nggih dikongkon bapake ken ngurubna lampu teng ruang
tengah.
Nggragap-nggragap akhire lare kalih niku
tekan teng ruang tengah, pas pada mbene tekan ijig-ijig safri lan soffa pada
njerit “Haaaaaaaaaaaaaaaaaaaa” saking
pada wedine lare kalih niku langsung balik lan mlayu sekencang-kencange, eh
malah pada nabrak tembok.
Dados tiang sing teng dalem niku pada kaget
banjur pada niliki lan sikringe di manjatna, ngerti-ngerti safri lan soffa
sampun saweg lenggah nyepengi batuke sing mpun nabrak tembok.
Jebule pas safri ajeng ngurubna lampu,
safri ningali soffa sing sami-sami taksih ngangge mukena, safri ngira niku
setan dados safri langsung njerit lan soffa nggih sami mawon kalih safri
sami-sami kaget.
By: Melva Safriyanti
0 komentar:
Posting Komentar