Sabtu, 29 Maret 2014

Cerkak Bahasa Jawa (Kapok Banget)

Kapoook Banget !!!

Kanca sekelasku sewektu SMP jenenge Erwin. Dheweke senenge rame yen lagi di wulang. Kanca-kancaku saka kelas dadi ke ganggu amarga polahe. Yen Bapak/Ibu guru nerangake, senenge nyauri nganti ndhagel kang ora ana sambung repete karo isining pamulangan. Dheweke uga duwe hobi kang ora becik, yaiku senenge nyorat-nyoret tembok. Tulisane ora cetha, malah ana sing saru banget.
Nalika semana lagi wektune bocah-bocah padha ngaso, erwin lan kanca-kancane sing sa-geng banjur rame-rame gawe ulah. Khanti nggawa pilok ireng kang nembe bae dituku, bocah-bocah usil kuwi mau banjur miwiti aksine. Ora let suwe tembok samburi kelasku wis kebak tulisan maneka warna. Tembong kang sadurunge resik saiki dadi reged lan tulisane ora patut diwaca dening bocah sekolah.
Ndilalah pas gilirane Erwin sing lagi nulis, ana Bapak Guru BP miyos mburi kelasku. Mbuh ana sing nglaporake utawa pas kebener Bapak Gueu BP tindak-tindak niti prikso kahanan sekolahan ing wanci ngaso. ” Sapa sing ngorek-ngorek tembok iki?! ” pandangune pak guru. Wektu iku kang lagi nyekel pilok ya si Erwin iki. ” Lha, saiki ayo kabeh sing ana nang kene nderek pak guru ing ruang BP ”.
Bocah lima sing dipandegani Erwin iki banjur diparingi sesuluh dening Pak guru, lan di dhawuhi ngisi surat pernyataan yen ora bakal mbaleni maneh tumindake kang ora bener mau. Pak guru uga ngendika yen tembok wis diorek-orek mau kudu resiki maneh kaya sadurunge.

Wiwit kedadean iku Erwin lan kanca-kancane banjur kapok banget. Sawise bali sekolah, Erwin agi mlaku karo smsan, tapi ngarepe ana kulit gedhang dadine Erwin kepleset diguyu wong akeh, mbatine isin banget.

By: Kiki Ambarsari Purwaningsih

0 komentar:

Posting Komentar

 
Design by Free WordPress Themes | Bloggerized by Lasantha - Premium Blogger Themes | Best Buy Coupons