Kejedug Cunong
Crita
kie kedadian pas aku agi daftar nang SMKN 2 Bawang. Dadi kaya kie. Aku due
kanca arane sule, bocah kue nek karo bocah wadon isinan. Tapi pas agi daftar si
sule weruh bocah wadon, jere bocah kue bening, ”ya...mbuh bening kaya banyu
kalen pa kaya banyu butek aku ra ngerti..”
Pas
pembagian kelas, jebule bocah wadon kue sekelas kambi aku, lah sule isih
penasaran karo bocah kue. Trus takon-takon meng aku ya njaluk no hpne, ” wilang no
sepatune ra dijaluk sisan”. Ya wong arane kanca ya tak njalukna no hpne.
Us....langsung bungah banget sule due no hpne, tapi rung kenalan ya pada bae
goroh cara sule.
Akhire
sule nekat nemuni kue bocah, terus kenalan. Wong agi kenalan mbok aku ngganggu,
aku ya suka lunga karo kancaku sing sijine, arane Rudi.
Terus
sule carane seneng bisa kenalan karo bocah wadon kue. Trus mlayu nusul aku karo
Rudi nang nduwur, lah sule kan lagi mlayu meng tangga, saking senenge ra weruh
na kayu sing mlongkrong nang tangga. Ya sule dadi
kejedud...klepek...klepek.....haw..haw..haw.. batuke nu wis cunong ya tambah
cunong...aku karo rudi ya gguyu bae ngasi ngakglak, palah sule nyengir tok,
maklum nu seneng kejedug kayu ya ra krasa..ha..ha..
By: M Syarif Hidayatuloh
0 komentar:
Posting Komentar