Aku
mung guyon
Dina minggu
sore, Budi ngalamun nang ngarep umah. Margane Budi getun…. Getun banget!
Kawitan arep nguji katresnan Ana, nanging kok kebacut. Ana mutung temenan. Ora getem dipetuki, ora gelem di sms, ora
gelem di telfon lan uga ora mbales yen dikirimi layang. Wektu iku nalika
dheweke ngomong
“ ora perlu kekancanan maneh karo aku!”,
dheweke kur semaur, “ yen iki ndadekake mas Budi ayem
lan tentrem, nggih Kula
turuti. Mugi mas Budi pinaring
sehat lan ayem dening Maha asih….”
Mengkono unine Ana, bocahe mung nerima ! Budi
Pengin ngerti dhewek gela njur sewot kaya bocah wadon naiki, banjur ngalem
marang Budi. Nangin Ana ora ngono. Bocahe alus kaya putri solo. Esih
gelem ngugemi tata carane urip tumrape wong jawa. Nanging saiki jebul nuduhake
yen nyimpen atose watu nang atine.
Budi isih
kelingan nalika sesasi kepungkur ngomong maring Ana, “ Ana, kepriye yan mas Budi
kagungan pacar maneh?” mengkono omonge budi. Mripate Ana nyawang Budi,
njur eseme ora tau ilang saka lambene gemebyar nyangsemake ati. Ayu tenan bocah
iki, aku kepingin ngerti kepriye nggone gela ,
batine Budi.
“ lha katresnan rak mboten saged
dipunpeksa mas?”,
semaure Ana. Ana mung pasrah lan lila. Gela pisan-pisan Ana, Budi ngomong nang
ati, merga budi pengin weruh Ana anggone gela.
“ aku iki temenan lho An “, kandhae Budi.
“ kula nggih estu-estu…! “, jawabe Ana.
“ apa dewek putus wae ya? “,
pitakone Budi.
Mripate Ana nyawang Budi sing
katon kaget. Ana ora semaur, banjur
narik ambegan dawa.
“ yen njenengan ngersake ngono, mangga mas
Budi….pancen katresnan mboten saged di paksa. Mugi-mugi mas Budi pikantuk pacar
ingkang langkung sae ketimbang Kula….”. Ana nyalami Budi banjur lunga. Budi mung
plonga-plongo kaya sapi ompong.
“ Kepriye iki? Apa iki gelane ana? “, kandahe Budi.
Wiwit iku Ana ora tau katon. Di goleti nang kampus
ya ora ana. Jebul malah Budi sing bingung ditinggal Ana. Ana….Ana! Budi ngrasa kelangan. Atine ora karuan
sawise ditinggal Ana. Jebul tresnane Budi marang Ana iku tenanan. Budi kangen
banget karo Ana. Getun olehe gawe gela Ana, barang Ana gela Budi dhewek sing
kelangan. Budi ora bisa turu, ora doyan maem, lan ora bisa konsentrasi marang
kuliyahe.
Wektu iku Budi
wis ora kuat
maning nahan kangen karo Ana. Mula Budi
nggoleti Ratri kanca akrabe Ana nang kampus. Mestine Ana cerita marang Ratri
merga bocah iku kanca akrab banget karo Ana. “ Ratri, Ana saiki nang ngendi? “
pitakone Budi rada isin.
“ Ana? ko esih nggoleti? Ko wis nglarani
atine masa lali? “
“ aku sejatine tresna banget karo Ana, aku
mung kepingin ngerti kepriwe gelane
Ana,
nanging Ana gela temenan”, omong Budi.
“ Mesti wae gela, ko ngomong ora
dikontrol, saiki Ana lagi konsentrasi maring
sekripsine. Lagi penelitian menyang
wonosobo….”. semaure
Ratri.
Nang kana dipandu dening pak Isman, PPL sing niate kepethuk dewek. Budi
sengsaya kaget merga pak Isman miturut ceritane Ana, kepingin Ana dadi mantune.
Ana arep diolehake anak mbarepe pak Isman sing lagi kerja nang Jakarta. Dhuh!
Cilaka tenan iki! Sajake kriwikan dadi gojogan! Guyon dadi tenanan.
Let pirang
dina Budi nekad menyang wonosobo. Olehe alamate Ana nang wonosobo maring ratri.
Bis lakune alon banget nanging Budi ora bisa menikmati perjalanan iku.
Jam sanga budi
wis tekan
nang ngarep umah cet ijo. Omah iku
katon nyenengake. Pelatarane akeh kembange.
“ madosi sinten mas? “
Budi kaget disawang ibu sing nang ngarepe.
“ anu……madosi dik Ana….menapa wonten
mriki? Tirose rencange wonten
alamat
mriki”.
“ Oo…mba
Ana, taksih wonten kebon…”
“
tebih napa mboten bu? Menawi nyusul napa saged? “
“
mangga…mangga kula dherekna” .
Budi karo bu Isman
mlaku menyang kebon. Kira-kira saka
omah setengah kilometer. Nang tengah kebon iku Ana, pak Isman, lan Bagus
putrane pak Isman wis
katon.
“
assalamu’alaikum…”
“
Wa’alaikumsalam…”
“ Ana!
Aku nyusul kowe…” omonge Budi nyimpen kangen marang Ana.
Ana
rada kuru, nanging tambah ayu. Ana keget banget nalika nyawang tekane Budi.
“ mas
Budi…!” kandhahe Ana karo nyawang Budi. Mripate kembang kebak luh.
Nanging enggal wae Ana mesem.
“
Dhuh, Ana! Esemu kuwi lho sing marakake ngangeni “, omonge Budi nang
ati.
“ pak menika mas Budi, kanca kuliah nyuwun
pangapunten kok nyusul…” unine Ana bingung.
“ Ooo… nak Budi,
mangga-mangga pinarak dalem wae…” sanjang pak Isman.
Kabeh bangur
bali menyang omahe pak Isman. Budi uga seneng merga keluargane pak Isman bijak
banget nampa
tekane Budi. Keluargane pak Isman wis
ngerti yen Budi kuwi mantan pacare Ana. Mula Budi diwenehi kesempatan kanggo
ngabarake masalah karo Ana.
“ aku
njaluk ngapura An “, kandahe Budi. Ana narik ambegan dawa, lan menehake
mesem maring Budi.
“ awit mbiyen wis dakngapura, mas… “
“ yen ngono, mas Budi bisa pacaran maneh
ta? “
“ mas Budi ketresnan kuwi suci. Aja digawe
dolanan. Aku wis ngubur masa lalune dhewek, wis wayahe aku mikir masa depanku. Dakakoni aku
tresna mas Budi, nanging….” Ana mandheg lan nyawang budi maneh.
“ apa
Ana ? “
“ aku
wis duwe
calon sing luwih daktresnani. Aku yakin iki wis ginaris marang Gusti Kang Maha Asih…”.
Ing pipine Ana tumetes luh, semono uga Budi. Sajake
Budi bener-bener kelangan Ana. kelangan eseme sing tansah dakangeni, mengko uga
Budi sing nglakoni urip tanpa Ana, getun anggone Budi coba kepengin weruh Ana
anggone gela, malah Ana gela tenanan, padahal Budi mung dolanan. Nanging kabeh
wis kedadean, Budi siki nglewati dinane mung nelangsa lan ngeseli kelakuane
dhewek sing ora bisa njaga atine pacare dhewek.
Jebul ketresnan iku ora kena Kanggo guyon.
0 komentar:
Posting Komentar